Puisi Jawa
Puisi CinTa Versi Jawa
Kalok buat PR School Gk boleh di copast
Oke :D
Wuyung
Laraning lara,
Ora kaya wong kang nandhang wuyung,
Mangan ra doyan,
Ora kaya wong kang nandhang wuyung,
Mangan ra doyan,
Ra jenak dolan nèng omah bingung.
Mung kudu weruh,
woting ati duh kusuma ayu,
Apa ra trenyuh,
sawangen iki awakku sing kuru.
Klapa mudha leganana nggonku nandhang branta,
Witing pari dimèn mari nggonku lara ati,
Aduh nyawa.
Duh duh kusuma,
Pa ra krasa apa pancen téga,
Mbok mbalung janur,
Paring usada mring kang nandhang wuyung.
Mung kudu weruh,
woting ati duh kusuma ayu,
Apa ra trenyuh,
sawangen iki awakku sing kuru.
Klapa mudha leganana nggonku nandhang branta,
Witing pari dimèn mari nggonku lara ati,
Aduh nyawa.
Duh duh kusuma,
Pa ra krasa apa pancen téga,
Mbok mbalung janur,
Paring usada mring kang nandhang wuyung.

